Ada udang dibalik tembok

Jadi keren itu asik, terkenal disukai banyak orang itu impian, hidup enak sangat didambakan. Tapi tak semua orang merasakan hal banyak tersebut, mungkin cuma sebagian atau apes harus berjuang buat merasakan kata-kata pembukan entri postingan ini.(yen ora paham bacanen seko awal!). Postingan iki nyritake pengalaman urip e uwong, identitas dirahasiakan..men pemirsa nebak sopo yo sopooo, jarwo'. Selow lah ngalir wae..wacanen. yen binggung tulisen neng kotak komentar.

mbbiyeN, sekitaran umur TK mendekati SD.. lali wayah kui wes SD opo durung. Critane karang bingung meh opo dolanlah aku ng kali, karang urip neng deso kampung yo cedaklah seko kali. Bahasa indonesia nya kali itu sungai..(mburao ono seng ora reti, hha). Pas kui awan-awan sekitar bar dhuhuran lah. Neng kali ono wong mancing, iseng-iseng timbang meh opo ra.. golek watu krikilan cilik tak lempar neng area wong kae mancing men iwak e do lungo. eh apes malah keno wong e.. gobloke aku yoo ora umpetan malah gembor seru, lhek ngapurone. Jelas wong e ora trimo, ngejar aku kan kui.. aku yo mlayu, karang wong due dosa ke angel kabeh dilalah yo aku kesandung jur tibo. Ku ngadek neh tak inguk wong e rung ketok, bar ku mlayu neh sakdurunge tekan kampung, kecekel aku.. weroh wonge emosi misuh-misuh ora jelas, tangane ngepel meh ngantemi aku. Aku mewek karo ampun-ampun, let sediluk krungu suoro guyu kancaku. Kancaku kui bocah seng wes terkenal beling, ono buah-buahan ne tonggo di colong, bal-balan nganti mecahke koco omahe tonggo, sering gelut, tukang misuh, jan nakal dianggepe wong kampung. Spotan kae aku ngomong, "ampun lhek, aku mung dikon kae, tenan...huhuhu". Bejo men cah, aku diculke..karo wonge ngomong "neng ndi cah e". jur tak wales omong, "lhek-lhek dilut rungokno kae cah e neng ngarepan iki". wong e ngluru cah seng tak sebut mau.. lokasi ne cah e kui emang ora adoh seko posisi aku kecekel. Posisi ku mburi kadang sapi, cah kae neng ngarepe seh grumungan po dolanan opo ku ra reti mung krungu suorone ngomong lan guyu. Bar culke cekelane ku mlayu balek omah. Mbuh ora reti nasib e cah kui, wong e juga ora kenal aku, mbuh themen haha. Mungkin yen digawe dialog wong mau seng tak kerjani karo koncoku seng nakal kae dadi

Komentar

Posting Komentar